Donga Rama Kawula
Diposting: Administrator
|
Jumat, 14 April 2023 - 09:16:53 WIB
|
Dibaca: 6024 pembaca

Rama kawula ingkang wonten ing swarga
Asma paduka mugi kasucekaken
Kraton paduka mugi rawuh
Karsa paduka mugi kalampahan wonten ing bumi
Kadosdene wonten ing swarga
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
Sacekapipun ing dinten punika
Saha paduka mugi ngapunten kalepatan kawula
Kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang
Ingkang kalepatan dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken
Dhateng ing panggodha
Nanging mugi sami paduka uwalaken saking piawon
Awitdene paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa
Tuwin kamulyan langgeng salami-laminipun.