KPJ 31 SWAWI PRA SUCI NYAWIJI
Diposting: Administrator
|
Jumat, 27 Juli 2018 - 15:34:09 WIB
|
Dibaca: 2259 pembaca
KPJ 31 SWAWI PRA SUCI NYAWIJI
(1) Swawi pra suci nyawiji tunggal ati.
sami ngabekti memuji mring Gusti
Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangéran
(2) Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbéngrat,
ngétang mukjijat lan gunging sih-rahmat.
Lubéring berkah sing swargi tansah tumrah,
nyanyosakken manah, nyirnakken semplah.
(3) Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama,
miwah rumantya nglawan mring panggodha.
Amrih saliring tyang kang samya nyipati,
dadya kepranan sami ndhérék Gusti.